Beranda Musik

Lirik Lagu Tembang Kangen – Sasya Arkhisna

Pelitabanten.com – Berikut Tembang Kangen – Sasya Arkhisna :

Wayah wengi udan grimis ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes dadi seksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani tego ninggalake aku
Suwung jroning uripku yen ora ono sliramu

Sumilire angin tansah ndudut kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dadaku
Lewat tembang kangen muga bisa dadi tombo
Tamba kangen nandhang wuyung rina wengi

Lewat tembang kangen aku titip tresno
Opo pancen sliramu uwis ora kroso
Lewat tembang kangen aku titip sayang
Tresnoku mring sliramu ora iso ilang

Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku mung sabar setya ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Lewat tembang kangen iki wujud katresnanku

Wayah wengi udan grimis ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes dadi seksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani tego ninggalake aku
Suwung jroning uripku yen ora ono sliramu

Baca Juga:  Lirik Lagu On The Ground Rose Blackpink dan Terjemahannya

Sumilire angin tansah ndudut kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dadaku
Lewat tembang kangen muga bisa dadi tombo
Tamba kangen iki nandhang wuyung rina wengi

Lewat tembang kangen aku titip tresno
Opo pancen sliramu uwis ora kroso
Lewat tembang kangen aku titip sayang
Tresnoku mring sliramu ora biso ilang

Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Lewat tembang kangen iki wujud katresnanku